-
Yohanes 5:6-9Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
6 Yésus ndelok wong kuwi lan ngerti nèk wong kuwi wis lara suwé banget. Mula Yésus takon, ”Apa kowé péngin mari?”+ 7 Wong kuwi njawab, ”Pak, ora ana sing ngéwangi aku nyemplung ing kolam kuwi pas banyuné obah. Saben aku arep mrono, wong liya wis ndhisiki aku.” 8 Yésus kandha, ”Ngadega, angkaten klasamu, lan mlakua.”+ 9 Wong sing lara kuwi langsung mari. Terus, dhèwèké ngangkat klasané lan mlaku.
Dina kuwi dina Sabat.
-