PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Kaimaman 24:5-9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 ”Panggangen 12 roti sing bentuké kaya gelang. Saben roti kudu digawé saka loro persepuluh éfa* tepung alus. 6 Roti-roti kuwi dèlèhna ing ndhuwur méja saka emas murni sing ana ing ngarepé Yéhuwah.+ Dèlèhna dadi rong susun, sak susun isiné enem roti.+ 7 Ing saben tumpukan roti kuwi, dèlèhna menyan murni. Menyan kuwi bakal ngélingké Gusti Allah nèk kabèh roti kuwi wis diwènèhké dadi persembahan+ sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. 8 Saben dina Sabat, kabèh roti kuwi kudu didèlèhké ing ngarepé Yéhuwah.+ Iki perjanjian-Ku karo wong Israèl kanggo sakterusé. 9 Roti kuwi bakal dadi duwèké Harun lan anak-anaké lanang.+ Roti kuwi kudu dipangan ing panggonan sing suci+ merga kuwi bagéan sing suci banget kanggo imam, sing dijupuk saka persembahan sing diobong nganggo geni kanggo Yéhuwah. Iki peraturan kanggo sakterusé.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim