-
Markus 3:14-19Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
14 Murid-murid sing dipilih kuwi jumlahé ana 12, lan Yésus nyebut wong 12 kuwi rasul-rasul. Wong 12 kuwi sing bakal ngancani Yésus lan diutus kanggo martakké kabar apik. 15 Wong-wong kuwi ya bakal diwènèhi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat.+
16 Wong 12+ sing dipilih Yésus kuwi, yaiku Simon, sing ya dijenengi Pétrus,+ 17 Yakobus anaké Zébédéus lan Yohanes seduluré Yakobus (Yésus ya njenengi wong loro kuwi Boanèrgès, sing artiné ”Anak-Anak Bledhèg”),+ 18 Andréas, Filipus, Bartoloméus, Matius, Tomas, Yakobus anaké Alféus, Tadéus, Simon wong Kanani,* 19 lan Yudas Iskariot sing akhiré ngianati Yésus.
Terus, Yésus mlebu ing salah siji omah.
-