39 Ning, kowé tak kandhani: Aja mbales wong sing jahat karo kowé. Ning, nèk pipimu tengen ditapuk, wènèhna sisan pipimu kiwa.+40 Nèk ana wong sing nggawa kowé ing pengadilan lan péngin njaluk klambi njeromu, wènèhna sisan klambi njabamu.+
7 Mendhing trima waé nèk kowé digawé rugi lan diapusi+ timbang nuntut sedulurmu ing pengadilan. Merga nèk kowé nuntut sedulurmu ing pengadilan, kuwi artiné kowé wis kalah.