-
Matius 11:7-11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
7 Bar wong-wong kuwi lunga, Yésus mulai ngomong karo wong akèh sing ana ing kono soal Yohanes. Yésus ngomong, ”Sapa sing mbok delok ing padhang belantara?+ Apa wong sing kaya suket sing mobat-mabit kena angin?+ Dudu. 8 Lha terus sapa? Wong lanang sing nganggo klambi njaba sing apik? Dudu. Wong sing klambiné apik lan méwah kuwi mung ana ing istana. 9 Lha terus sakjané dhèwèké kuwi sapa? Nabi? Ya, dhèwèké pancèn nabi. Malah, dhèwèké luwih penting timbang nabi.+ 10 Dhèwèké kuwi sing dimaksud ing tulisan iki, ’Aku ngirim utusan-Ku ndhisiki kowé, yaiku wong sing bakal nyiapké dalan kanggo kowé.’+ 11 Percayaa, nèk ing antarané kabèh wong sing tau urip,* ora ana sing luwih unggul timbang Yohanes Pembaptis. Tapi, sing kedudukané paling rendhah ing Kerajaan swarga tetep luwih unggul timbang Yohanes Pembaptis.+
-