PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 13:18-23
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 ”Saiki, rungokna artiné perumpamaan soal petani mau.+ 19 Benih sing tiba ing pinggir dalan+ kuwi maksudé wong sing ngrungokké berita soal Kerajaan, ning ora ngerti artiné. Terus, Iblis*+ teka lan ngrampas benih sing wis disebar kuwi. 20 Benih sing tiba ing panggonan sing akèh watuné kuwi maksudé wong sing ngrasa seneng pas krungu berita kuwi lan langsung nampa,+ 21 ning berita kuwi ora mlebu ing atiné. Dhèwèké nampa berita kuwi, ning mung sedhéla thok. Sakwisé ngalami kesengsaraan utawa dianiaya merga berita kuwi, dhèwèké dadi ora percaya manèh karo berita kuwi.* 22 Benih sing tiba ing antarané suket eri kuwi maksudé wong sing ngrungokké berita kuwi, ning berita kuwi ora ngasilké buah+ merga kejiret karo rasa kuwatir ing urip*+ lan kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan. 23 Terus, benih sing tiba ing lemah sing subur kuwi maksudé wong sing ngrungokké berita kuwi, ngerti artiné, lan bener-bener ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 100, ping 60, lan ping 30.”+

  • Markus 4:14-20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 ”Petani kuwi maksudé wong sing martakké berita soal Kerajaan.+ 15 Benih sing tiba ing pinggir dalan kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi, ning ora let suwé, Sétan teka+ lan ngrampas berita sing wis disebar ing njero atiné.+ 16 Benih sing tiba ing panggonan sing akèh watuné kuwi maksudé wong-wong sing ngrasa seneng pas krungu berita kuwi lan langsung nampa,+ 17 ning berita kuwi ora mlebu ing atiné. Wong-wong kuwi nampa berita kuwi, ning mung sedhéla thok. Sakwisé ngalami kesengsaraan utawa dianiaya merga berita kuwi, wong-wong kuwi dadi ora percaya manèh karo berita kuwi.* 18 Benih liyané tiba ing antarané suket eri. Iki maksudé wong-wong sing ngrungokké berita kuwi,+ 19 ning berita kuwi ora ngasilké buah merga rasa kuwatir+ ing urip,* kekayaan sing nggawé wong-wong kapusan,+ lan kepénginan+ liyané mlebu ing atiné lan njiret berita kuwi. 20 Sing terakhir, benih sing tiba ing lemah sing subur kuwi maksudé wong-wong sing ngrungokké lan ngrasa seneng wektu nampa berita kuwi, terus ngasilké buah. Buahé luwih akèh timbang sing ditandur, ana sing ping 30, ping 60, lan ping 100.”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim