-
Matius 8:28, 29Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
28 Wektu Yésus tekan ing sabrang, ing dhaérahé wong Gadara, ana wong lanang loro sing kesurupan roh jahat teka saka kuburan lan marani Yésus.+ Wong loro kuwi medèni, mula ora ana wong sing wani liwat dalan kuwi. 29 Wong loro kuwi mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Anaké Gusti Allah?+ Apa kowé mréné arep nyiksa aku+ sakdurungé wektu sing wis ditentokké?”+
-
-
Markus 5:2-10Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Sakwisé Yésus mudhun saka prau, ana wong lanang sing kesurupan roh jahat* teka saka kuburan lan marani Yésus. 3 Wong kuwi biasa manggon ing kuburan. Nganti wektu kuwi, ora ana sing isa nalèni dhèwèké senajan nganggo ranté. 4 Sakjané, tangan lan sikilé wis kerep diranté, ning dhèwèké isa medhot lan ngrusak ranté kuwi. Ora ana wong sing cukup kuwat sing isa ngalahké dhèwèké. 5 Saben awan lan bengi, dhèwèké bengok-bengok ing kuburan lan ing gunung. Dhèwèké ya ngantemi* awaké nganggo watu. 6 Wektu ndelok Yésus saka kadohan, dhèwèké langsung mlayu marani Yésus lan sujud.+ 7 Terus, dhèwèké mbengok, ”Apa urusanku karo kowé, hé Yésus, Anaké Gusti Allah sing Mahaluhur? Kowé kudu sumpah demi Gusti Allah nèk kowé ora bakal nyiksa aku.”+ 8 Dhèwèké mbengok kaya ngono merga Yésus bar ngomong, ”Roh jahat,* metua saka wong iki.”+ 9 Mula, Yésus takon, ”Sapa jenengmu?” Dhèwèké njawab, ”Jenengku Lègiun,* merga jumlahku akèh banget.” 10 Roh-roh kuwi terus njaluk karo Yésus bèn ora dikongkon lunga saka dhaérah kono.+
-