-
Markus 5:18-20Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
18 Wektu Yésus numpak prau, wong lanang sing mauné kesurupan kuwi njaluk bèn isa mèlu Yésus.+ 19 Ning, Yésus ora ngéntukké wong kuwi mèlu. Yésus ngomong, ”Balia marang keluargamu, lan critakna kabèh sing wis ditindakké Yéhuwah* kanggo kowé. Critakna nèk Dhèwèké wis mesakké karo kowé.” 20 Terus, wong lanang kuwi lunga lan mulai nyritakké ing Dékapolis* soal kabèh sing wis ditindakké Yésus kanggo dhèwèké. Mula, wong-wong dadi nggumun.
-