-
Markus 5:35-37Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
35 Wektu Yésus lagi ngomong, wong-wong lanang saka omahé Yairus teka lan ngandhani Yairus, ”Anakmu wédok wis mati. Aja ngrépoti Guru manèh.”+ 36 Ning, wektu krungu omongan kuwi, Yésus kandha marang Yairus, ”Aja kuwatir. Kowé mung kudu nduwé iman.”+ 37 Yésus ora ngéntukké wong akèh kuwi mèlu dhèwèké. Sing éntuk mèlu mung Pétrus, Yakobus, lan Yohanes seduluré Yakobus.+
-