35 Sapa waé sing péngin nylametké nyawané bakal kélangan nyawané, ning sapa waé sing kélangan nyawané demi aku lan demi kabar apik bakal éntuk nyawané.*+
25 Sapa waé sing nresnani nyawané, malah bakal kélangan* nyawané. Ning, sapa sing réla kélangan* nyawané+ ing donya iki, malah bakal nylametké nyawané supaya isa urip saklawasé.+
24 Senajan ngono, aku ora nganggep uripku penting. Sing tak péngini mung isa ngrampungké apa sing saiki lagi tak tindakké+ lan ngrampungké tugas sing tak tampa saka Gusti Yésus, yaiku ngumumké kabar apik soal sifat apikané Gusti Allah.
10 Aja wedi karo kesengsaraan sing bakal mbok alami.+ Iblis bakal nyebabké wong-wong saka antaramu dilebokké penjara kanggo nguji kowé. Kowé bakal ngalami kesengsaraan nganti sepuluh dina. Kowé kudu mbuktèkké nèk kowé setya nganti mati, lan kowé bakal tak wènèhi mahkota kehidupan.+