PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 23:13
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik. Kowé nutup lawangé Kerajaan swarga bèn wong-wong ora isa mlebu. Kowé dhéwé ora mlebu, lan kowé ya ngalang-alangi wong sing arep mlebu.+

  • 1 Tésalonika 2:14-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Sedulur-sedulur, kowé wis niru jemaaté Gusti Allah ing Yudéa sing bersatu karo Kristus Yésus, merga kowé dianiaya wong-wong sing sak bangsa karo kowé,+ kaya sedulur-sedulur ing Yudéa sing ya dianiaya wong Yahudi. 15 Wong Yahudi matèni Gusti Yésus+ lan nabi-nabi. Wong-wong kuwi ya nganiaya aku.+ Tumindaké wong-wong kuwi ora nyenengké Gusti Allah lan ora ana gunané kanggo sapa waé. 16 Aku martakké kabar apik marang bangsa-bangsa liya bèn wong-wong saka bangsa-bangsa liya kuwi dislametké,+ ning wong Yahudi ngalang-alangi aku. Wong Yahudi kuwi terus nindakké akèh dosa, ning akhiré Gusti Allah bakal nesu karo wong-wong kuwi.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim