-
Yakobus 4:13-16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
13 Ing antaramu ana sing ngomong, ”Dina iki utawa sésuk, aku bakal lunga menyang kutha kuwi. Terus aku bakal manggon ing kana setaun suwéné kanggo dagang lan nggolèk untung.”+ 14 Padahal kowé ora ngerti kaya apa uripmu sésuk.+ Kowé kuwi kaya kabut sing mung ana sedhéla, terus ilang.+ 15 Kuduné kowé ngomong, ”Nèk kuwi sing dikarepké Yéhuwah,*+ aku bakal urip lan nindakké iki utawa kuwi.” 16 Ning, saiki kowé malah bangga lan nyombongké awakmu dhéwé. Nyombongké dhiri kaya ngono kuwi tumindak sing jahat.
-