PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pengkhotbah 11:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Cah enom, seneng-senenga mumpung kowé isih enom, lan gawénen atimu seneng wektu kowé isih enom. Turutana kepénginané atimu lan lungaa menyang endi waé sing dipéngini mripatmu. Ning, kowé kudu ngerti nèk Gusti Allah sing bener bakal njaluk kowé tanggung jawab* kanggo kabèh kuwi.+

  • Matius 6:20
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 20 Ning klumpukna harta ing swarga,+ merga ing kana ora ana serangga lan karat sing isa ngrusak harta kuwi.+ Maling ya ora isa nyolong kuwi.

  • 1 Timotius 6:17-19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kowé kudu mènèhi petunjuk* marang wong-wong sing sugih ing jaman* saiki bèn ora sombong lan bèn ora ngendelké hartané sing isa ilang.+ Ning, wong-wong kuwi kudu ngendelké Gusti Allah sing nyedhiakké akèh banget sing awaké dhéwé nikmati.+ 18 Wong-wong kuwi kudu mbok kandhani bèn nindakké akèh tumindak sing apik, murah hati, seneng mènèhi,+ 19 lan nglumpukké harta saka Gusti Allah sing bakal mènèhi jaminan kanggo urip sukmbèn,+ supaya wong-wong kuwi isa terus nduwé harapan sing kuwat kanggo urip sing saktenané.+

  • Yakobus 2:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, tulung rungokna aku. Gusti Allah kan milih wong-wong sing dianggep mlarat karo donya iki bèn dadi sugih imané, ta?+ Ya, Gusti Allah milih wong-wong kuwi kanggo nampa warisan Kerajaané sing dijanjèkké marang wong-wong sing nresnani Dhèwèké.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim