-
Matius 5:25, 26Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
25 ”Nèk ana wong sing nuntut kowé ing pengadilan, cepet rampungna masalahmu sakdurungé kowé lan dhèwèké tekan pengadilan, supaya wong kuwi ora nyerahké kowé marang hakim, terus hakim marang petugas pengadilan, lan akhiré kowé dilebokké penjara.+ 26 Percayaa, kowé mesthi ora bakal metu saka kono sakdurungé kowé nglunasi utangmu nganti dhuwit rècèhmu* sing terakhir.
-