-
Filipi 3:12-14Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Aku pancèn durung nampa hadiah kuwi lan durung dadi sampurna. Ning, aku terus ngupaya+ bèn éntuk hadiah kuwi, merga aku ngerti nèk Kristus wis milih aku bèn éntuk hadiah kuwi.+ 13 Sedulur-sedulur, aku ora rumangsa nèk aku wis nampa hadiah kuwi. Ning, aku yakin soal iki: Aku nglalèkké apa waé sing ana ing mburi+ lan ngupaya bèn éntuk apa waé sing ana ing ngarep.+ 14 Aku ngupaya tenanan bèn éntuk hadiah kuwi,+ yaiku urip ing swarga, sing bakal diwènèhké marang wong-wong sing dipilih+ Gusti Allah liwat Kristus Yésus.
-
-
1 Timotius 6:12Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 Kowé kudu bener-bener berjuang demi iman. Kowé kudu ngupaya nduwé harapan sing kuwat kanggo urip saklawasé. Gusti Allah wis milih kowé bèn kowé isa urip saklawasé lan kowé wis martakké soal urip kuwi ing ngarepé wong akèh.
-