- 
	                        
            
            Kaimaman 26:31Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
31 Aku bakal ngancurké kutha-kuthamu,+ lan panggonan-panggonan sucimu bakal ditelantarké. Ambu sing nyenengké saka korban-korbanmu ora bakal nggawé Aku seneng.
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            1 Para Raja 9:7, 8Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
7 Aku bakal nyingkirké Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku bakal Tak singkirké saka ngarep mripat-Ku,+ lan Israèl bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+ 8 Omah iki bakal dadi reruntuhan.+ Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi karo ngrèmèhké* lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+
 
 - 
                                        
 
- 
	                        
            
            Yérémia 22:5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
 - 
                            
- 
                                        
5 ”’Ning, nèk kowé ora manut omongan-Ku iki, Aku wis tenanan sumpah nèk istana iki bakal hancur,’+ kandhané Yéhuwah.
 
 -