-
Yèhèzkièl 34:11Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
11 ”’Iki sing diomongké Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah: ”Aku, Aku dhéwé sing bakal nggolèki domba-domba-Ku, lan domba-domba-Ku bakal Tak opèni.+
-
-
Yèhèzkièl 34:16Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
16 ”Sing ilang bakal Tak golèki,+ sing kesasar bakal Tak gawa bali, sing luka bakal Tak perban, lan sing ringkih bakal Tak kuwatké. Ning, sing lemu lan sing kuwat bakal Tak patèni. Domba-domba kuwi bakal Tak adili lan Tak hukum sesuai karo tumindaké.”
-
-
Matius 18:12, 13Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
12 ”Piyé pendapatmu? Nèk ana wong nduwé domba 100 lan ana siji sing kesasar,+ mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing gunung, terus nggolèki domba sing kesasar kuwi, ta?+ 13 Percayaa, wektu nemokké dombané, wong kuwi mesthi luwih bahagia merga domba sing siji kuwi timbang 99 domba sing ora kesasar.
-