21 Yésus njawab, ”Nèk kowé péngin sampurna,* edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga.+ Bar kuwi, dadia muridku.”+
21 Yésus ndelok wong lanang kuwi, lan merga nresnani, Yésus kandha, ”Ana siji manèh sing kudu mbok tindakké: Edolen hartamu. Terus, hasilé wènèhna marang wong mlarat, lan kowé bakal éntuk harta ing swarga. Bar kuwi, dadia muridku.”+
33 Edolen hartamu, lan hasilé gunakna kanggo mènèhi sedhekah.+ Nggawéa kanthong dhuwit sing ora bakal rusak, yaiku harta ing swarga sing ora bakal entèk.+ Ing kana, harta kuwi ora bakal dicolong maling utawa dirusak serangga.
18 Wong-wong kuwi kudu mbok kandhani bèn nindakké akèh tumindak sing apik, murah hati, seneng mènèhi,+19 lan nglumpukké harta saka Gusti Allah sing bakal mènèhi jaminan kanggo urip sukmbèn,+ supaya wong-wong kuwi isa terus nduwé harapan sing kuwat kanggo urip sing saktenané.+