-
Pangentasan 22:1Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
22 ”Nèk ana wong sing nyolong sapi utawa domba, terus sapi utawa domba kuwi dibelèh utawa diedol, wong sing nyolong kuwi kudu ngijoli sapi siji nganggo sapi lima lan domba siji nganggo domba papat.+
-
-
Kaimaman 6:4, 5Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Nèk wong kuwi pancèn nindakké kuwi lan kebukti salah, wong kuwi kudu mbalèkké sing wis dicolong, sing wis dirampas, sing wis dipercayakké marang wong kuwi, barang ilang sing ditemokké, 5 utawa keuntungan sing dihasilké merga wong kuwi wis nggawé sumpah palsu. Wong kuwi ya kudu mènèhi ganti rugi sing persis padha,+ ditambah 20 persèn saka ganti rugi mau. Kuwi kabèh kudu diwènèhké marang sing nduwé barang mau pas wong kuwi kebukti salah.
-