-
Pangentasan 3:2Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
2 Terus, malaékaté Yéhuwah nemoni dhèwèké ing geni sing murub saka semak berduri.+ Musa terus ndelok semak kuwi. Semak kuwi metu geniné, tapi ora kobong.
-
-
Matius 22:31-33Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
31 Apa kowé ora tau maca sing diomongké Gusti Allah soal wong mati sing diuripké manèh? Gusti Allah ngomong, 32 ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub.’+ Dhèwèké kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, tapi Gusti Allahé wong urip.”+ 33 Wektu krungu kuwi, akèh wong kagum karo sing diwulangké Yésus.+
-
-
Markus 12:26, 27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
26 Apa kowé ora tau maca ing kitab Musa kisah soal semak berduri sing metu geniné? Pas Gusti Allah kandha, ’Aku Gusti Allahé Abraham, Gusti Allahé Ishak, lan Gusti Allahé Yakub,’+ sakjané Dhèwèké lagi ngomong soal wong mati sing bakal diuripké manèh. 27 Dhèwèké kuwi dudu Gusti Allahé wong mati, tapi Gusti Allahé wong urip. Kowé klèru banget.”+
-