PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:14-16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Terus, salah siji saka rasul 12, sing disebut Yudas Iskariot,+ nemoni para imam kepala.+ 15 Yudas kandha, ”Nèk aku nyerahké* Yésus, aku bakal mbok wènèhi apa?”+ Para imam kepala janji arep mènèhi 30 dhuwit pérak.+ 16 Dadi, mulai wektu kuwi, Yudas terus nggolèk kesempatan bèn isa nyerahké* Yésus.

  • Markus 14:10, 11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Terus, Yudas Iskariot, salah siji saka rasul 12, nemoni para imam kepala kanggo mbantu wong-wong kuwi nangkep Yésus.+ 11 Pas krungu soal kuwi, para imam kepala dadi seneng banget lan janji arep mènèhi Yudas dhuwit pérak.+ Dadi, mulai wektu kuwi, Yudas nggolèk kesempatan bèn isa nyerahké* Yésus.

  • Yohanes 6:70
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 70 Yésus njawab, ”Aku sing milih kowé wong 12 iki, ta?+ Ning, salah siji saka antaramu kuwi tukang mitnah.”*+

  • Yohanes 13:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Wektu kuwi, Yésus lan murid-muridé lagi mangan. Iblis mengaruhi Yudas Iskariot,+ anaké Simon, kanggo ngianati Yésus.+

  • Yohanes 13:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 Sakwisé Yudas nampa roti kuwi, Sétan mengaruhi atiné Yudas.+ Mula, Yésus ngomong karo Yudas, ”Ndang tindakna sing wis mbok rencanakké.”

  • Kisah 1:16, 17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 16 ”Sedulur-sedulur, ramalan ing Kitab Suci pancèn kudu kelakon. Liwat Daud, roh suci wis mènèhi ramalan soal Yudas,+ sing ngéwangi wong-wong kanggo nangkep Yésus.+ 17 Mbiyèn, Yudas kuwi ya rasul+ lan wis dipilih kanggo nglayani bareng karo rasul-rasul liyané.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim