PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Danièl 7:27
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 27 ”’Bar kuwi, wong-wong suci duwèké Gusti Allah sing Mahaluhur+ diwènèhi kerajaan, kuwasa kanggo mréntah, lan kemuliaané kabèh kerajaan ing bumi.* Kerajaané wong-wong suci kuwi kerajaan sing langgeng,+ lan kabèh kerajaan liyané bakal manut lan nglayani wong-wong kuwi.’

  • Lukas 12:32
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 32 ”Hé kelompok cilik,*+ kowé aja wedi, merga Bapakmu wis gelem mènèhi kowé Kerajaan kuwi.+

  • 2 Timotius 2:12
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 12 Nèk awaké dhéwé tetep sabar, awaké dhéwé ya bakal mréntah dadi raja bareng karo dhèwèké.+ Nèk awaké dhéwé nolak dhèwèké, dhèwèké ya bakal nolak awaké dhéwé.+

  • Ibrani 12:28
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 28 Mula, merga awaké dhéwé bakal nampa Kerajaan sing ora isa digoncangké, ayo awaké dhéwé terus ngupaya bèn éntuk manfaat saka sifaté Gusti Allah sing apikan banget. Merga sifaté Gusti Allah sing apikan banget kuwi, awaké dhéwé isa nyenengké Gusti Allah wektu nindakké tugas suci kanggo Dhèwèké karo rasa wedi lan ngajèni.

  • Yakobus 2:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Sedulur-sedulurku sing tak tresnani, tulung rungokna aku. Gusti Allah kan milih wong-wong sing dianggep mlarat karo donya iki bèn dadi sugih imané, ta?+ Ya, Gusti Allah milih wong-wong kuwi kanggo nampa warisan Kerajaané sing dijanjèkké marang wong-wong sing nresnani Dhèwèké.+

  • Wahyu 1:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Dhèwèké nglantik awaké dhéwé dadi raja+ lan imam+ kanggo nglayani Gusti Allahé lan Bapaké. Muga-muga dhèwèké nampa kemuliaan lan kuwasa nganti saklawasé. Amin.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim