PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:57, 58
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 57 Wong-wong sing nangkep Yésus nggawa Yésus menyang omahé Imam Agung Kayafas.+ Ing kana, para ahli Taurat lan para pemimpin* wis ngumpul.+ 58 Pétrus ngetutké Yésus saka kadohan nganti ing halaman omahé imam agung. Sakwisé mlebu, dhèwèké lungguh bareng karo para pembantu kanggo ndelok apa sing bakal kelakon.+

  • Markus 14:53, 54
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 53 Terus, Yésus digawa marang imam agung.+ Kabèh imam kepala, pemimpin,* lan ahli Taurat wis ngumpul ing kono.+ 54 Pétrus ngetutké Yésus saka kadohan nganti ing halaman omahé imam agung. Terus, Pétrus lungguh ing cedhak geni karo para pembantu bèn awaké anget.+

  • Yohanes 18:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Wektu kuwi, Simon Pétrus lan salah siji murid liyané ngetutké Yésus.+ Merga murid kuwi kenalané imam agung, mula dhèwèké isa mlebu ing halaman omahé imam agung.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim