- 
	                        
            
            Yohanes 18:25-27Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
- 
                            - 
                                        25 Wektu kuwi, Simon Pétrus isih ngadeg ing cedhaké geni bèn awaké anget. Terus, wong-wong nakoni dhèwèké, ”Kowé kan salah siji muridé, ta?” Pétrus ora ngaku lan kandha, ”Dudu.”+ 26 Ing kono ana salah siji budhaké imam agung sing isih seduluran karo wong lanang sing kupingé disabet Pétrus nganti pothol.+ Wong kuwi kandha, ”Pas ing taman mau, aku kan ndelok kowé bareng karo dhèwèké.” 27 Ning, Pétrus ora ngaku manèh. Wektu kuwi, pitik jago langsung kluruk.+ 
 
-