15Wektu isih ésuk banget, kabèh anggota Sanhèdrin,* yaiku para imam kepala, pemimpin,* lan ahli Taurat, ngumpul bareng kanggo rembugan. Sakwisé nalèni tangané Yésus, wong-wong kuwi nyerahké Yésus marang Pilatus.+
28 Pas isih ésuk banget, Yésus digawa saka omahé Kayafas menyang omahé gubernur Yudéa yaiku Pilatus.+ Ning, wong Yahudi ora mèlu mlebu ing omahé gubernur merga ora péngin dadi najis+ bèn isa ngrayakké Paskah.