PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 18:18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Aku bakal milih nabi sing kaya kowé+ saka antarané wong-wong kuwi. Aku bakal ngandhani dhèwèké apa sing kudu diomongké,+ lan dhèwèké bakal nyampèkké kabèh sing Tak préntahké marang wong-wong kuwi.+

  • Lukas 7:15, 16
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Cah lanang sing mati kuwi urip manèh, terus lungguh lan mulai ngomong. Yésus masrahké cah lanang kuwi marang ibuné.+ 16 Wong-wong kuwi dadi kagum banget lan mulai ngluhurké Gusti Allah. Wong-wong kuwi kandha, ”Ing antarané awaké dhéwé ana nabi sing hébat.”+ Wong-wong kuwi ya kandha, ”Gusti Allah wis nggatèkké umaté.”+

  • Yohanes 3:2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Pas bengi-bengi,+ dhèwèké marani Yésus lan kandha, ”Guru,*+ aku ngerti nèk njenengan kuwi guru sing diutus Gusti Allah. Ora ana wong sing isa nggawé mukjijat*+ kaya njenengan, kecuali dhèwèké diwènèhi kuwasa saka Gusti Allah.”+

  • Yohanes 6:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Wektu ndelok mukjijaté Yésus kuwi, wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka.”+

  • Kisah 2:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 ”Hé wong Israèl, rungokna iki: Yésus wong Nazarèt kuwi utusané Gusti Allah. Iki kétok cetha saka akèh mukjijat* lan perkara-perkara luar biasa sing ditindakké Gusti Allah ing antaramu liwat Yésus.+ Kowé dhéwé ngerti tenan soal kuwi.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim