45 Pas ketemu Natanaèl,+ Filipus ngomong, ”Aku wis ketemu karo Yésus anaké Yusuf+ saka Nazarèt. Dhèwèké kuwi wong sing disebutké ing Hukum Musa lan Tulisané Para Nabi.”
43 Kabèh nabi wis mènèhi kesaksian soal dhèwèké.+ Para nabi kuwi ngomong nèk liwat jenengé,+ Gusti Allah bakal ngapura dosa-dosané saben wong sing nduwé iman marang dhèwèké.”
22 Ning, merga aku wis ngrasakké dhéwé bantuané Gusti Allah, nganti saiki aku terus mènèhi kesaksian marang wong biasa lan wong penting. Aku mung ngomongké apa sing bakal kelakon nurut tulisané Musa lan Tulisané Para Nabi.+