26 ”Kowé kudu njupuk buku Hukum iki+ lan kudu mbok dèlèhké ing jèjèré pethi+ perjanjiané Yéhuwah Gusti Allahmu, lan kuwi bakal dadi bukti wektu kowé nggawé kesalahan. 27 Aku ngerti dhéwé nèk kowé seneng mbrontak+ lan ndableg.+ Pas aku urip waé kowé mbrontak marang Yéhuwah, apa manèh nèk aku mati.