22 Wong tuwané ngomong kaya ngono merga wedi karo wong Yahudi.*+ Wong Yahudi wis nggawé kesepakatan nèk ana wong sing ngakoni Yésus kuwi Kristus, wong kuwi kudu diusir saka sinagogé.*+
42 Sakjané, akèh wong termasuk para pemimpin nduwé iman marang Yésus.+ Ning, wong-wong kuwi ora gelem ngakoni imané merga wedi diusir wong Farisi saka sinagogé.*+
38 Sakwisé kuwi, Yusuf saka Arimatéa njaluk marang Pilatus bèn isa njupuk mayaté Yésus. Yusuf kuwi muridé Yésus, ning ora wani terus terang soal kuwi merga wedi karo wong Yahudi.*+ Sakwisé diijinké Pilatus, Yusuf teka lan ngedhunké mayaté Yésus.+