-
Yésaya 11:3, 4Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
3 Dhèwèké seneng banget merga nduwé rasa wedi marang* Yéhuwah.+
Dhèwèké ora bakal ngadili mung manut apa sing kétok
Lan ora bakal nyenèni mung manut apa kandhané wong.+
4 Dhèwèké adil wektu ngadili wong cilik.
Dhèwèké nindakké apa sing adil kanggo nglindhungi wong sing rendah hati ing bumi.
Omongané bakal kaya tongkat sing digunakké kanggo nggebug bumi.+
-
-
Matius 23:23Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
23 ”Cilaka kowé, para ahli Taurat lan wong Farisi. Kowé kuwi munafik. Kowé mènèhi sepersepuluh saka tanduran mint, adas, lan jinten putih,+ ning kowé nyepèlèkké apa waé sing luwih penting ing Taurat, yaiku keadilan,+ rasa mesakké,+ lan kesetiaan. Mènèhi persepuluhan pancèn penting, ning sing liyané kuwi ora olèh disepèlèkké.+
-