7 Senajan ngono, kowé tak kandhani sing saktenané, aku lunga kuwi kanggo manfaatmu. Nèk aku ora lunga, penolong*+ kuwi ora bakal teka marang kowé. Ning nèk aku lunga, aku bakal mènèhi penolong kuwi marang kowé.
17 ’Gusti Allah kandha, ”Ing dina-dina terakhir, Aku bakal mènèhké* sebagéan roh suci-Ku marang wong-wong. Anak-anakmu lanang lan wédok bakal ngramal, cah-cah lanang ing antaramu bakal éntuk wahyu, lan wong-wong sing wis tuwa ing antaramu bakal éntuk mimpi.+