16 ”Merga tresna banget karo wong-wong ing donya iki,* Gusti Allah nganti gelem mènèhké Anaké siji-sijiné,*+ supaya saben wong sing nduduhké iman marang Anaké ora mati, ning isa urip saklawasé.+
19 Mula, Yésus ngomong ngéné, ”Percayaa, Anak ora isa nindakké apa-apa nurut karepé dhéwé. Anak mung nindakké apa sing ditindakké Bapak. Kabèh sing ditindakké Bapak,+ ya kuwi sing ditindakké Anak.
30 Aku ora isa nindakké apa-apa sak karepku dhéwé. Aku ngadili wong-wong nurut apa sing diomongké Bapak marang aku. Aku adil wektu ngadili,+ merga aku nindakké karepé Bapak sing ngutus aku, dudu nuruti karepku dhéwé.+