24 Percayaa, sapa waé sing ngrungokké omonganku lan percaya karo Dhèwèké sing ngutus aku, wong kuwi bakal urip saklawasé.+ Wong kuwi ora bakal diadili, ning wis bébas saka kematian lan nampa urip.+
25 Yésus ngomong karo Marta, ”Aku iki sing nguripké manèh lan sing marahi urip.+ Wong sing nduduhké iman marang aku bakal urip manèh senajan wong kuwi wis mati. 26 Wong sing urip lan nduduhké iman marang aku ora bakal mati.+ Apa kowé percaya soal iki?”
54 Wektu badan sing isa rusak diubah dadi badan sing ora isa rusak, lan badan sing isa mati diubah dadi badan sing ora isa mati, sing ditulis ing ayat iki kelakon, ”Kematian bakal disingkirké saklawasé.”+
6 Sapa waé sing pertama diuripké manèh kuwi wong-wong sing bahagia lan suci.+ Wong-wong kuwi ora bakal ngalami+ kematian sing keloro.+ Wong-wong kuwi bakal dadi imam-imam+ kanggo Gusti Allah lan kanggo Kristus. Wong-wong kuwi ya bakal mréntah dadi raja bareng Kristus 1.000 taun suwéné.+