PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yésaya 53:7
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    •  7 Dhèwèké dianiaya+ lan meneng waé wektu ditindhes.+

      Dhèwèké ora ngomong apa-apa.

      Dhèwèké kaya domba sing arep dibelèh,+

      Kaya domba sing meneng waé wektu arep dicukur wuluné.

      Dhèwèké ora ngomong apa-apa.+

  • Yésaya 53:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Sakwisé dhèwèké ngalami kabèh kesusahan, dhèwèké bakal puas merga ndelok hasil kerja kerasé.

      Abdi-Ku+ sing nindakké apa sing bener bakal nggunakké pengetahuané

      Supaya isa mbantu wong akèh bèn Tak anggep bener.+

      Dhèwèké nanggung kesalahané wong-wong kuwi.+

  • 1 Korintus 15:3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Aku nampa ajaran sing paling penting, lan kuwi wis tak omongké marang kowé, yaiku nèk Kristus wis mati kanggo nebus dosané awaké dhéwé kaya sing wis ditulis ing Kitab Suci.+

  • Ibrani 9:13, 14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 13 Imam nggunakké getihé wedhus lan getihé sapi lanang+ enom bèn isa nggawé wong-wong dadi resik. Imam ya nyebar awuné sapi sing durung tau manak ing ndhuwur sirahé wong-wong sing najis bèn wong-wong kuwi dadi resik.+ 14 Nèk korban kéwan kaya ngono waé isa nggawé wong-wong dadi resik, apa manèh getihé Kristus.+ Merga Kristus manut karo tuntunané roh suci sing ana saklawasé, Kristus mènèhké uripé dadi persembahan sing ora ana cacadé kanggo Gusti Allah. Getihé bakal ngresiki hati nuraniné awaké dhéwé saka tumindak sing ora ana gunané,+ bèn awaké dhéwé isa nindakké tugas suci kanggo Gusti Allah sing urip.+

  • 1 Pétrus 2:24
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 24 Dhèwèké nanggung dosané awaké dhéwé+ nganggo badané wektu dhèwèké dipaku ing cagak,*+ bèn awaké dhéwé dibébaské saka dosa lan isa urip kanggo nindakké apa sing bener. Sakliyané kuwi, ”luka-lukané nggawé kowé mari”.+

  • 1 Yohanes 3:5
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 5 Kowé ngerti nèk Yésus teka kanggo nyingkirké dosané awaké dhéwé,+ lan dhèwèké ora nduwé dosa.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim