35 Malaékat kuwi njawab, ”Kowé bakal nampa roh suci,+ lan kuwasané Sing Mahaluhur bakal nglindhungi kowé. Kuwi sebabé anak kuwi bakal lair tanpa nduwé dosa+ lan bakal disebut Anaké Gusti Allah.+
18 Omongané Yésus kuwi nggawé wong-wong Yahudi dadi saya péngin matèni Yésus. Nurut wong-wong kuwi, Yésus ora mung nglanggar dina Sabat, ning Yésus ya nganggep nèk dhèwèké kuwi padha karo Gusti Allah+ merga nyebut Gusti Allah kuwi Bapaké.+