38 Terus, Yésus lan murid-muridé neruské perjalanan lan tekan ing salah siji désa. Ing kono, ana wong wédok sing jenengé Marta.+ Dhèwèké ngejak Yésus mampir ing omahé. 39 Marta nduwé adhi wédok sing jenengé Maria. Maria lungguh ing cedhak sikilé Gusti Yésus lan terus ngrungokké omongané Yésus.