19 Terus, wong-wong kuwi dikongkon lungguh ing suket. Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé, terus murid-muridé ngedumké marang wong-wong.
34 Terus, Yésus ndhangak, narik napas, lan kandha, ”Effata,” sing artiné ”Mbukaka”. 35 Terus, kupingé wong kuwi langsung kebukak,+ lan dhèwèké ya dadi isa ngomong lancar.