41 Yésus mlaku rada adoh* saka kono, terus sujud lan mulai ndonga. 42 Yésus kandha, ”Bapak, nèk Njenengan gelem, tulung singkirna gelas* iki saka aku. Tapi, dudu karepku sing kelakon, ning sing kudu kelakon kuwi apa sing Njenengan karepké.”+
7 Saksuwéné uripé ing bumi, Kristus ndonga tenanan karo nangis+ lan njaluk nganggo swara banter marang Gusti Allah sing isa nylametké dhèwèké saka kematian. Dongané kuwi dirungokké merga dhèwèké wedi marang* Gusti Allah.