PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yohanes 14:30
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 30 Aku ora bakal ngomong luwih akèh manèh marang kowé merga penguasa donya+ iki wis teka. Ning, dhèwèké ora isa nguwasani aku.+

  • Yohanes 16:11
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Penolong kuwi ya bakal nduduhké marang donya sapa sing bakal diadili Gusti Allah merga penguasané donya iki wis diadili.+

  • Kisah 26:17, 18
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Kowé bakal tak slametké saka bangsa iki lan bangsa-bangsa liyané merga aku ngutus kowé marang wong-wong kuwi.+ 18 Kowé tak utus kanggo mbukak mripaté wong-wong kuwi+ lan nuntun wong-wong kuwi metu saka petengan+ menyang panggonan sing padhang.+ Kowé ya tak utus kanggo nuntun wong-wong kuwi metu saka kuwasané Sétan+ marang kuwasané Gusti Allah. Hasilé, Gusti Allah bakal mberkahi lan nyucèkké wong-wong kuwi, kaya sing wis Dhèwèké tindakké marang wong-wong liyané sing wis setya.’

  • 2 Korintus 4:3, 4
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 3 Nèk kabar apik pancèn didhelikké, kuwi didhelikké saka antarané wong-wong sing arep disingkirké, 4 yaiku wong-wong sing ora nduwé iman. Pikirané wong-wong kuwi ditutupi karo allahé donya iki.*+ Kuwi sebabé wong-wong kuwi ora isa ndelok cahayané kabar apik sing mulya.+ Kabar apik kuwi soal Kristus sing mirip karo Gusti Allah.+

  • Éfésus 2:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Sakliyané kuwi, Gusti Allah wis mènèhi kowé urip, senajan kowé wis mati merga kesalahan lan dosa-dosamu.+ 2 Mbiyèn, uripmu kaya uripé wong-wong ing donya* iki. Kowé nindakké apa sing dipéngini penguasané donya iki.+ Pikirané wong-wong sing ora manut dipengaruhi karo penguasané donya iki, lan pikiran+ kuwi nyebar ing endi-endi kaya udara.+

  • 1 Yohanes 5:19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 19 Awaké dhéwé ngerti nèk awaké dhéwé duwèké Gusti Allah, ning donya iki dikuwasani Sétan.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim