11 Mbiyèn, ing antaramu ana sing nindakké kuwi. Ning, saiki kowé wis digawé resik,+ digawé suci,+ lan dianggep bener+ nganggo jenengé Gusti Yésus Kristus lan nganggo roh suciné Gusti Allahé awaké dhéwé.
25 Wong lanang, kowé kudu terus sayang karo bojomu,+ kaya Kristus sayang karo jemaat lan masrahké uripé kanggo jemaat.+26 Kristus nindakké kuwi supaya dhèwèké isa nggawé jemaat dadi suci lan resik nganggo omongané Gusti Allah+ sing dipadhakké kaya banyu.
5 dudu merga awaké dhéwé nindakké apa sing apik,+ ning merga Dhèwèké pancèn apikan.+ Dhèwèké nylametké awaké dhéwé wektu ngresiki awaké dhéwé nganggo banyu sing nggawé awaké dhéwé urip.+ Dhèwèké nggawé awaké dhéwé dadi anyar liwat roh suci.+
22 Mula, ayo saktulusé ati nyedhak marang Gusti Allah. Awaké dhéwé nduwé iman sing kuwat nèk awaké dhéwé isa nyedhak marang Gusti Allah. Atiné awaké dhéwé wis digawé resik saka hati nurani sing jahat,+ lan badané awaké dhéwé wis diresiki nganggo banyu.+