-
Yohanes 12:4-6Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
-
-
4 Ning, Yudas Iskariot,+ yaiku salah siji murid sing bakal ngianati Yésus, kandha, 5 ”Ngapa kok minyak wangi iki ora diedol waé 300 dinar,* terus dhuwité isa diwènèhké wong mlarat?” 6 Yudas ngomong kaya ngono ora merga dhèwèké mikirké wong mlarat, ning merga dhèwèké kuwi maling. Yudas kuwi wong sing ngurusi kothak dhuwité murid-murid lan kerep nyolong dhuwit saka kothak kuwi.
-