PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Matius 26:59-61
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 59 Para imam kepala lan kabèh anggota Sanhèdrin* nggolèk seksi palsu bèn isa nudhuh Yésus. Kabèh wong kuwi péngin ngukum mati Yésus.+ 60 Tapi, senajan ana akèh seksi palsu,+ wong-wong kuwi ora nemokké bukti apa-apa. Terus, ana seksi loro maju. 61 Seksi kuwi kandha, ”Wong iki ngomong, ’Aku isa ngambrukké baité Gusti Allah lan isa tak bangun manèh ing wektu telung dina.’”+

  • Matius 27:39, 40
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 39 Wong-wong sing liwat ngécé Yésus+ lan gèdhèg-gèdhèg.+ 40 Wong-wong kuwi kandha, ”Hé kowé sing ngomong nèk arep ngambrukké bait lan mbangun kuwi manèh ing wektu telung dina,+ coba slametna awakmu dhéwé. Nèk kowé pancèn anaké Gusti Allah, mudhuna saka cagak hukuman.”*+

  • Markus 14:57, 58
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 57 Terus, ana wong-wong liyané manèh sing mènèhi keterangan sing ora bener soal Yésus. Wong-wong kuwi kandha, 58 ”Aku krungu dhèwèké ngomong, ’Baité Gusti Allah sing digawé nganggo tangané manungsa iki bakal tak ambrukké, lan ing wektu telung dina aku bakal mbangun bait liyané sing ora digawé nganggo tangané manungsa.’”+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim