41 Ing cedhak panggonané Yésus dihukum mati, ana taman. Ing taman kuwi ana kuburan anyar.+ Kuburan kuwi durung tau ana sing nganggo. 42 Merga kuburan kuwi cedhak, lan dina kuwi wong Yahudi ya kudu nggawé persiapan+ kanggo Perayaan Roti Tanpa Ragi, mula Yésus dikubur ing kono.