19 Pas benginé, ya ing dina pertama minggu kuwi, murid-murid ngumpul lan ngancing lawang-lawangé merga wedi karo wong Yahudi. Terus, Yésus ujug-ujug ana ing tengah-tengahé para murid. Yésus kandha, ”Muga-muga kowé kabèh ayem tentrem.”+
26 Wolung dina bar kuwi, murid-murid ngumpul manèh ing njero omah, lan Tomas ya ana ing kono. Senajan lawang-lawangé wis dikancing, Yésus ujug-ujug ana ing tengah-tengahé murid-murid. Yésus kandha, ”Muga-muga kowé kabèh ayem tentrem.”+