PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Lukas 19:10
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 10 Anaké manungsa teka kanggo nggolèki lan nylametké sing kesasar.”+

  • Yohanes 12:47
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 47 Nèk ana wong sing krungu wulanganku ning ora manut, aku ora ngadili dhèwèké. Sebab, aku teka ora kanggo ngadili, ning kanggo nylametké wong-wong ing donya iki.*+

  • 1 Korintus 15:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Kabèh mati merga Adam,+ lan kabèh bakal diuripké merga Kristus.+

  • 2 Korintus 5:18, 19
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 18 Kabèh asalé saka Gusti Allah. Liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé hubunganku karo Dhèwèké dadi apik manèh.+ Dhèwèké ya mènèhi aku tugas kanggo mbantu wong-wong bèn nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+ 19 Dadi, aku martakké nèk liwat Kristus, Gusti Allah wis nggawé donya iki nduwé hubungan sing apik manèh karo Dhèwèké.+ Gusti Allah ora ngétung kesalahané wong-wong kuwi,+ lan Dhèwèké mènèhi aku tugas kanggo ngandhani wong-wong nèk wong-wong kuwi isa nduwé hubungan sing apik manèh karo Gusti Allah.+

  • 1 Timotius 1:15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 15 Kristus Yésus teka menyang donya iki kanggo nylametké wong-wong sing dosa.+ Ing antarané wong-wong kuwi, aku sing paling dosa.+ Sing tak omongké iki bener lan pantes dipercaya.

  • 1 Yohanes 2:1, 2
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Anak-anakku sing tak tresnani, aku nulis iki marang kowé bèn kowé ora nindakké dosa. Ning nèk ana sing nindakké dosa, ana sing nulungi* awaké dhéwé, yaiku Yésus Kristus+ sing ana bareng karo Bapak lan sing nindakké apa sing bener.+ 2 Dhèwèké kuwi korban+ kanggo dosané awaké dhéwé,+ sing nggawé awaké dhéwé rukun manèh karo Gusti Allah. Malah, korbané kuwi ora mung kanggo dosané awaké dhéwé waé, ning kanggo dosané wong sak donya.+

  • 1 Yohanes 4:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé wis ndelok lan martakké nèk Bapak wis ngutus Anaké bèn nylametké donya.+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim