25 Ning, kira-kira pas tengah wengi, Paulus lan Silas ndonga lan nyanyi lagu pujian marang Gusti Allah.+ Wong-wong liyané sing dipenjara ya padha ngrungokké.
3 Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya isa ngrasa seneng* wektu ngalami kesusahan,+ merga awaké dhéwé ngerti nèk kesusahan kuwi isa nggawé awaké dhéwé sabar.+
10 Dadi, aku ngrasa seneng wektu aku lemah, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi keadaan sing angèl demi Kristus. Wektu aku lemah, aku dadi kuwat.+
34 Kowé mesakké karo wong-wong sing dipenjara. Kowé tetep bahagia senajan hartamu dirampas,+ merga kowé ngerti nèk kowé nduwé harta sing luwih apik lan sing ana saklawasé.+