34 Ora ana sing kekurangan+ merga sedulur-sedulur ngedol tanah utawa omahé, lan hasilé 35 diserahké marang para rasul.+ Terus, para rasul ngedumké kuwi sesuai karo kebutuhané saben wong.+
27 Kanggoné Gusti Allah, Bapaké awaké dhéwé, ibadah sing suci lan ora najis kuwi kaya ngéné: ngopèni anak yatim piatu,+ ngopèni para randha+ sing sengsara,+ lan ngedohi tumindak sing najis saka donya iki.+