PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangandharing Torèt 34:9
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 9 Yosua anaké Nun bener-bener wicaksana,* merga Musa wis ndèlèhké tangané ing sirahé Yosua.+ Terus, wong Israèl mulai manut karo Yosua, lan wong-wong kuwi nindakké apa sing dipréntahké Yéhuwah marang Musa.+

  • Kisah 8:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Pas krungu nèk wong-wong ing Samaria wis nampa omongané Gusti Allah,+ para rasul ing Yérusalèm ngutus Pétrus lan Yohanes menyang Samaria.

  • Kisah 8:17
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 17 Terus, rasul loro kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé wong-wong kuwi,+ lan wong-wong kuwi mulai nampa roh suci.

  • Kisah 13:2, 3
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 2 Wektu wong-wong kuwi lagi ngibadah marang Yéhuwah* lan pasa, roh suci kandha, ”Pilihen Barnabas lan Saul+ supaya nindakké gawéan sing wis Tak tentokké kanggo wong loro kuwi.”+ 3 Mula, sakwisé pasa lan ndonga, wong-wong kuwi numpangké tangané ing ndhuwur sirahé Barnabas lan Saul, terus ngongkon wong loro kuwi mangkat.

  • 1 Timotius 4:14
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 14 Aja nglalèkké kemampuan* sing mbok tampa wektu badan pinituwa nglantik kowé.* Kuwi sesuai karo ramalané para pinituwa kuwi soal kowé.+

  • 1 Timotius 5:22
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 22 Aja nganti kowé kesusu nglantik wong kanggo diwènèhi tanggung jawab,*+ lan aja nganti kowé mèlu nanggung dosané wong liya. Kowé kudu njaga tumindakmu tetep murni.

  • 2 Timotius 1:6
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 6 Kuwi sebabé aku ngélingké kowé kanggo terus semangat nggunakké kemampuan saka Gusti Allah, sing mbok tampa wektu aku nglantik kowé.*+

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim