PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Purwaning Dumadi 41:40-46
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 40 Kowé sing bakal ngawasi istanaku, lan kabèh rakyatku bakal manut karo kabèh préntahmu.+ Mung aku sing kuwasané luwih gedhé timbang kowé, merga aku raja.” 41 Firaun ngomong manèh karo Yusuf, ”Aku ngangkat kowé dadi wong sing nguwasani tanah Mesir.”+ 42 Firaun nyopot cinciné* saka drijiné, terus dipasang ing drijiné Yusuf. Firaun ya nganggokké klambi saka linèn sing alus marang Yusuf lan masangké kalung emas ing guluné Yusuf. 43 Sakliyané kuwi, Firaun ya ngongkon Yusuf numpak krétané Firaun sing liyané* lan ngongkon kabèh wong sing ana ing ngarepé Yusuf mbengok, ”Avrékh!”* Ya ngono kuwi Firaun mènèhi Yusuf jabatan kanggo nguwasani Mesir.

      44 Firaun ngomong karo Yusuf, ”Aku Firaun, tapi tanpa ijinmu, ora ana sing olèh ngapa-ngapa ing tanah Mesir iki.”+ 45 Sakwisé kuwi, Firaun mènèhi Yusuf jeneng Zafenat-panéah lan nikahké Yusuf karo Asenat+ anaké Potiféra, imam ing On.* Terus, Yusuf mulai ngawasi tanah Mesir.+ 46 Umuré Yusuf 30 taun+ wektu dhèwèké ngadhep* Firaun raja Mesir.

      Terus, Yusuf lunga saka ngarepé Firaun lan lunga menyang kabèh wilayah ing tanah Mesir.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim