PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pangentasan 2:11-15
    Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar
    • 11 Wektu Musa wis gedhé,* dhèwèké lunga nemoni sedulur-seduluré, yaiku wong-wong Ibrani. Dhèwèké ndelok nèk wong-wong kuwi sengsara banget merga dikongkon kerja paksa.+ Terus, dhèwèké ya ndelok wong Mesir sing lagi ngantemi* wong Ibrani. 12 Mula, dhèwèké ndelok sekitaré nganti dhèwèké yakin ora ana wong ing kono. Terus, dhèwèké matèni wong Mesir kuwi lan ndhelikké mayaté ing pasir.+

      13 Sésuké, dhèwèké lunga manèh lan ndelok wong Ibrani loro lagi gelut. Dhèwèké kandha karo sing salah, ”Ngapa kowé ngantemi* kancamu?”+ 14 Wong kuwi njawab, ”Sapa sing milih kowé dadi pemimpin lan hakimku? Apa kowé ya arep matèni aku kaya kowé matèni wong Mesir kuwi?”+ Musa dadi wedi lan mbatin, ’Aku mesthi wis konangan.’

      15 Wektu krungu soal kuwi, Firaun péngin matèni Musa, ning Musa mlayu menyang Midian.+ Pas tekan kana, dhèwèké lungguh ing cedhak sumur.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim